RSS

Panatacara Ing Adicara Pengaosan


Gara - gara ada tugas disuruh buat Pranatacara, sekalian ku post aja. hehehe
Semoga bermanfaat.

Assalamu’alaikumWr Wb.
                Puji saha syukur, naming kunjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT ingkang sampun mbabar nugraha, saengga kula lan panjenengan sedaya saget makampal ing wekdal meniko.
                Wonten ngarsanipun para pangemban – pangemabating praja, pinangka pangayomaning kawula dasih ingkang dahat kinurmatan. Wonten ngarsanipun para ali ulama, langkung – langkung dhumateng Bapak Kyai Zabani panengkaring piwucal agami. Wonten ngarsanipun para jamaah pengaosan ingkang satuhu sulistyo.
                Saderengipun hadicara kawiwitan, langkung rumiyin kaparenga kula aturaken menggah urutan reroncening adicara :
1.        Pambuka
2.        Waosan ayat – ayat suci AL – Quran
3.        Atur pangandikan saking ketua panitia
4.        Wedaring pangaosan ingkang badhe dipun slirani Bapak Kyai Zabani
5.        Panutup.

Mekaten reroncening adicara ingkang sampun rinakit dening para panitia. Pramila kasuwun dhumateng para jamaah pengaosan Nuzunul Quran kepareng lelenggahan ngantos purnaning adicara.
Jumangkah adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka, pramila sumangga sesarengan kula dherekaken ndeodonga saha nyuwun ngarsanipun Allah SWT kanti maos basmallah sesarengan.
………………………………………………………………………………………………..
Cekap. Matur nuwun. Mugi – mugi kanthi waosan basmallah kasebat mahanani lampahing adicara pangaosan dalu meniko.
        Adicara ingkang angka kalih inggih menika Waosan ayat – ayat suci Al – Quran, ingkang badhe dipun slirani dening sedherek Mifathul Hikmah. Dhumateng ngarsanipun  sedherek Mifathul Hikmah sasana wicara kula aturaken.
…………………………………………………………………………………………………
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng sedherek Mifathul Hikmah, mugi – mugi amal panjenengan pikantuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT.
Kalajengaken laksitaning adicara angaka tiga inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia ingkang samangkeh badhe dipun slirani Bapak Paryono. Dhumateng ngarsanipun Bapak Paryono sasana wicara kula aturaken.
…………………………………………………………………………………………………
Kaaturaken agenging panuwun dhumateng ngarsanipun bapak Paryono ingkang sampun kepareng atur pabagya saha panuwun dhumateng ngarsanipn para jamaah pinangka sulih sulira saking kadang – kadang panitia.
Jumangkah adicara ingkang kaping sekawan inggih menika wedaring pengaosan bab Nuzunul Quran ingkang badhe dipun slirani Bapak Kyai Zaban. Dhumateng ngarsanipun Bapak Kyai Zabani sasana wicara kula aturaken.
…………………………………………………………………………………………………
Mekaten para jamaah weadaring pangaosan bab Nuzunul Quran ingkang sampun dipun slirani Bapak Kyai Zabani. Mugi- mugi para jamaah saget mendhet sarining pengaosan saha saget dipun amalaken wonten ing gesang pasrawungan saben dinten nipun.
Para jamaah pengaosan ingkang dahat kinurmatan, pungkasaning adicara inggih menika panutup, pramila sumangga lampahing adicara pengaosan dipun pungkasi sesarenagn kanthi muji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi maos tahmid sesarengan.
Makaten anggen kula ndherekaken lampahing adicara pengaosan wonten ing titi wekdal meniko, mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan katah atur saha patrap ingkang mboten ndadosaken renaning penggalih, kula nyuwun rumentahing agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Wasana sugeng kondur, mugi – mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun.
Wassalamu’alaikumWr.Wb.

0 komentar:

Posting Komentar